180 Days of Social Studies: Grade 2 - Daily Geography Workbook for Classroom and Home, Cool

180 Days of Social Studies: Grade 2 - Daily Geography Workbook for Classroom and Home, Cool

Showing posts with label b_daerah. Show all posts
Showing posts with label b_daerah. Show all posts

B. Daerah Festival Dolanan Tradhisional


Jam enem esuk Bima lan Rini wis sarapan. Dina iki bocah loro budhal luwih esuk. Bima lan Rini arep melu Festival Dolanan Tradhisional ing alun-alun kabupaten. Bima lomba egrang, Rini melu dhakon lan gobag sodor. "Jam pira mengko budhale?" pandangune Ibu. "Jam setengah pitu, Buk. Mangke rombongan saking sekolahan," wangsulane Rini. "Bima wis trampil ta, egrangan?" Pak Wibawa, bapake urun pandangu. "Woo.. inggih sampun ta, Pak! Yen latihan kula mesthi menang lo, Pak!" "He..he.. ya syukur. Ning ora pareng ngremehake liyan lo ya! Sapa bae mungsuhe, sing penting main sing apik, sing sportif Menang, kalah iku ketemu buri. Sing penting tambah pengalaman, tambah kanca, le!" "Inggih, Pak. Donga pangestunipun, mugi-mugi kula juwara!" "Dolanan tradhisional saiki dilestarekake lo, Pak" sumambunge ibune Bima. "Iya, sebab pancen akeh gunane. Bocah dadi guyub rukun, dolanan bebarengan tanpa rasa serik lan tukaran, sebab ana tata aturane," "Kula nggih tambah sehat, Pak. Nedha kula dados kathah, sebab dolanan egrang niku saged kringeten," kandhane Bima. Kabeh melu ngguyu, karo nyawang Bima sing lemu iku. Bocah loro katon seneng banget. Dina iki alun-alun bakal rame Bima lan Rini bakal weruh lan melu dolanan yoyo, gangsingan, gobag sodor, engklek, dhakon, betengan, egrang, lan liya-liyane. Nalika pandom jam nuduhake jam 06.15 menit, Rini lan Bima banjur pamitan.
"Ati ati ya nak" ngendikane ibu nampani salime bocah loro. Assalamu'alaikum
Waalaikumsalam
kanthi ati bungah lelorone budhal sekolah. Sabanjure mengko saka sekolahan menyang alun alun kabupaten, melu festival dolanan tradhisional

8. karo sapa wae Bima lan rini lomba
9. kepriye pesane pak wibawa marang Bima
10. apa wae mupangate dolanan tradhisional kang ditindakake kanthi bebarengan?


itu aja yang gak bisa ​